Kunci Jawaban Tema 7 Kelas 4, Subtema 1 Pembelajaran 4, Halaman 29, 30, 31, 33, dan 34

Kunci Jawaban Tema 7 Kelas 4 halaman 29, 30, 31, 33, dan 34

Kunci Jawaban Halaman 34

Tugas

Carilah sebuah cerita rakyat, lalu tuliskan kembali ke dalam bahasa daerahmu. Pada Pembelajaran 6, kamu akan membacakan tulisanmu ini di depan teman-temanmu.

Keong Mas lan Pangeran Apik

- Iklan -

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.(Kira-kira sudah setahun desa Dhadapan mengalami kemarau panjang yang menyebabkan kekurangan makanan dan banyak penyakit yang membuat warga menderita)

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan.

Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

- Iklan -

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau.

Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bisa ganjel wetenge kang luwe.

- Iklan -

Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih saka alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inu Kertapati. Raja ing Jenggala.”

“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala.

Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Raden Inu Kertapati. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lawang didhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang.

Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inu Kertapati supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inu Kertapati sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candra Kirana. Raden Inu Kertapati banjur ngajak para punggawa bali mennyang Dhadapan nemoni Limaran.

Eeeba bungahe Raden Inu Kertapati ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candra Kirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inu Kertapati karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan.

Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Kunci Jawaban Tema 7 Kelas 4, Subtema 1 Pembelajaran 3, Halaman 21 dan 24

Baca Juga:  Nama-Nama Planet: Urutan, dan Fakta Menarik Lainnya
- Iklan -

Bagikan:

BERITA TERKAIT

REKOMENDASI

BERITA TERBARU